Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 3:14 - Kitab Sutji

14 Para prajurit uga matur pitakon: “Lah kula, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?” Paring wangsulane Nabi Yokanan: “Aja ngrampas lan aja memeres, nrimaa ing blanjamu dhewe.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 3:14
15 Iomraidhean Croise  

Sira aja ngucapake paseksi goroh tumrap pepadhanira.


“Sira aja nyebar kabar goroh. Aja mbiyantu wong kang luput lan gelem dadi seksi rerekan.


Sira aja nyenyolong, sira aja goroh sarta aja apus-ingapusan.


Nalika Gusti Yesus lumebet ing kutha Kapernaum, ana sawijining opsir panatus sowan ing ngarsane sarta darbe atur panyuwun, unjuke:


Nanging Zakheus banjur ngadeg lan munjuk marang Gusti: “Gusti, sabarang gadhahan kawula, sapalih badhe kawula sukakaken dhateng tiyang miskin sarta manawi wonten tiyang ingkang sakinten kawula pendheti punapa-punapanipun kanthi patrap ingkang boten sae, badhe kawula wangsulaken tikel sakawan.”


Wong akeh mau banjur padha matur pitakon: “Manawi makaten, punapa ingkang kedah sami kula tindakaken?”


Paring wangsulane: “Aja padha mupu ngluwihi kang wis katamtokake tumrap kowe!”


Sapengkere malaekat kang mangandikani mangkono mau, Kornelius banjur ngundang bature loro tuwin prajurit siji kang mursid, panunggalane kang tansah tetunggalan kalawan dheweke,


supaya kowe ora padha kaciren lan ora padha cacad, padha dadi putraning Gusti Allah kang tanpa cacad ing satengahing golongan kang kablinger lan mblasar iki, satemah ana ing satengahing wong-wong iku kowe sumunar kaya lintang-lintang ing jagad,


Bab iki dakkandhakake ora marga kacingkrangan, awit aku wus sinau nyukupi awakku dhewe ing sadhengahing kaanan.


Mangkono uga para wong wadon kang wus tuwa, iku padha nelakna anggone dadi wong ngibadah, aja dhemen mitenah, aja karem ngombe anggur, nanging dibisa aweh piwulang kang becik


Nuli aku krungu swara kang banter ana ing swarga, mangkene: “Samengko karahayon lan panguwasa tuwin paprentahaning Allah kita, lan panguwasane Sang Jebadane, wus kababar, marga si panggugat, kang rina-wengi nggugat para sadulur kita ana ing ngarsaning Allah kita, iku wus kauncalake mangisor.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan