Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 3:11 - Kitab Sutji

11 Paring wangsulane: “Sapa kang duwe klambi loro, wong kang ora duwe wenehana siji, lan sing sapa duwe pangan, iya tumindaka mangkono.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 3:11
22 Iomraidhean Croise  

ora nindhes wong liya, mbalekake gadhening wong, ora ngrampas apa-apa, aweh mangan wong luwe, aweh sandhangan marang wong kewudan,


Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi unjuk pamrayogi kawula punika ndadosna ing keparenging panggalihipun gusti kawula: gusti kawula mugi karsaa ngicali dosa kanthi patrap nindakaken kaadilan, saha ngicali kalepatan kanthi patrap paring sih-piwelas dhumateng tiyang ingkang katindhes – bokmanawi kasugenganipun gusti kawula badhe kalestantunaken!”


Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.


Mung bae isine iku danakna, lah ing mengko kabeh-kabehe bakal dadi resik tumrap kowe.


Mireng kang mangkono iku Gusti Yesus banjur ngandika: “Isih ana siji kang kudu koklakoni: kabeh barang darbekmu edolana lan edum-edumna marang wong-wong miskin, temah kowe bakal duwe bandha ana ing swarga, nuli mrenea, melua Aku.”


Nanging Zakheus banjur ngadeg lan munjuk marang Gusti: “Gusti, sabarang gadhahan kawula, sapalih badhe kawula sukakaken dhateng tiyang miskin sarta manawi wonten tiyang ingkang sakinten kawula pendheti punapa-punapanipun kanthi patrap ingkang boten sae, badhe kawula wangsulaken tikel sakawan.”


Sarehne Yudas kang nyekel kas, ana kang duwe pangira manawa Gusti Yesus ngutus Yudas tuku apa-apa kang prelu kanggo riyaya iku, utawa didhawuhi dedana marang wong miskin.


wong mursid kang ngabekti marang Gusti Allah dalah sabrayate kabeh, sarta kang akeh danane marang umat Yahudi tuwin kang tansah ndedonga marang Gusti Allah.


Dumadakan wonten satunggaling priya jumeneng ing ngajeng kula, pangagemanipun gumilap ingkang lajeng ngandika: Kornelius, pandongamu wis dipiyarsakake dening Gusti Allah lan sedhekahmu wis kaengetan ana ing ngarsaning Allah.


Kornelius mandeng marang malaekat mau lan matur kalawan wedi: “Wonten punapa, Gusti?” Paring wangsulane malaekat mau: “Kabeh pandongamu lan sedhekahmu wus padha sumengka marang ing ngarsaning Allah sarta Gusti Allah enget marang kowe.


Wong kang gawene nyolong, aja nyolong maneh, nanging becik nyambut-gawe kanthi tumemen lan nglakoni pagawean kang becik kalawan tangane dhewe, supaya bisa nguluri wong kang kekurangan.


Para wong sugih ing donya iki padha elingna, supaya aja padha gumunggung lan aja padha kadunungan pangarep-arep marang samubarang kang ora tetep kaanane, kayata kasugihan, nanging marang Gusti Allah, kang marga saka sugihe, maringi marang kita samubarang kabeh, supaya kita rasakake nikmate.


Padha elingna, supaya padha nglakoni panggawe becik, dadi sugih ing bab kabecikan, dhangan weweh lan memandumi


Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.


Pangibadah kang murni sarta tanpa cacad ana ing ngarsaning Allah, Rama kita, yaiku niliki bocah lola sarta para randha sajroning kasusahane lan njaga supaya awake dhewe aja nganti kena ing jejembering donya.


He para sadulurku, paedahe apa, manawa ana wong ngaku nduweni pracaya, mangka ora ana panggawene?


Sapa kang duwe bandha kadonyan, mangka weruh sadulure kacingkrangan, ewadene nutup lawanging atine tumrap marang sadulure mau, kapriye bisane tetep kadunungan katresnaning Allah?


Manawa ana wong kang muni: “Aku tresna marang Gusti Allah,” mangka sengit marang sadulure, iku wong goroh. Awit wong kang ora tresna marang sadulure kang kasat mripat, kapriye anggone bisa tresna marang Gusti Allah kang ora katon?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan