Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 3:1 - Kitab Sutji

1 Nalika Sang Nata Agung Tiberius anggone ngasta paprentahan wis nyandhak limalas taune, kalane Sang Pontius Pilatus jumeneng walinagara ing tanah Yudea, lan Sang Prabu Herodhes jumeneng ratu-wilayah tanah Galilea, Sang Prabu Filipus sadhereke jumeneng ratu-wilayah Iturea lan Trakhonitis, sarta Sang Prabu Lisanias jumeneng ratu wilayah Abilene,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 3:1
19 Iomraidhean Croise  

Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.


Nalika samana Sang Prabu Herodhes, raja-wilayah, mireng pawarta bab Gusti Yesus,


Amarga Sang Prabu Herodhes pancen biyen wis dhawuh nyepeng Nabi Yokanan, banjur dibesta lan dilebokake ing pakunjaran, gegayutan karo lelakone Sang Putri Herodhias, garwane Sang Pangeran Filipus, sadhereke.


Ewadene bareng pinuju tingalan wiyosane Sang Nata Herodhes, putri putrane Sang Putri Herodhias, beksa ana ing satengahing pahargyan, nengsemake panggalihe Sang Nata Herodhes,


Awit saking punika mugi karsaa paring katrangan: Mbayar paos dhateng Sang Nata Agung punika kenging punapa boten?”


Gusti Yesus banjur kabesta kaladosake marang Sang Wali-Nagara Pilatus.


Amarga pancen Sang Prabu Herodhes kang dhawuh nyepeng Nabi Yokanan lan mbesta sarta banjur kalebokake ing pakunjaran, marga saka anane lelakon bab Sang Putri Herodhias, garwane Pangeran Filipus sadhereke, kang kapundhut garwa dening Sang Prabu Herodhes.


Wasana Sang Putri Herodhias oleh wewengan yaiku nalika pinuju dina wiyosane Sang Prabu Herodhes, Sang Nata nganakake bujana kanggo para panggedhene, para opsir-opsire lan para wong kang kajen keringan ing tanah Galilea.


Ing nalika iku ana wong Farisi sawatara kang padha sowan lan matur marang Gusti Yesus: “Panjenengan kula aturi sumingkir saking ngriki, awit Sang Prabu Herodhes badhe ngangkah nyedani Panjenengan.”


Nalika samana Sang Nata Agung Agustus paring dhawuh, supaya wong saindenging karajan agung dicacahake.


Sang Pilatus banjur ndhawuhake karampungan, panyuwune wong-wong mau dikabulake.


Ananging bareng panjenengane melehake Sang Nata-wilayah Herodhes, bab lelakone karo Sang Putri Herodhias, garwane sadhereke, tuwin bab anggone nindakake sakabehing piala liya-liyane,


Kocapa Sang Prabu Herodhes, nata-wilayah, mireng sakabehing lelakon mau, banjur rumaos kemengan, awit ana wong kang kandha, yen Nabi Yokanan wungu saka ing antarane wong mati.


“Sembah kula, Klaudius Lisias, katur ing ngarsanipun Ingkang Minulya Sang Walinagara Feliks.


Nanging bareng wis ganep rong taun, Sang Feliks digentosi Sang Perkius Festus lan kanggo nyenengake atine wong Yahudi, Sang Feliks nglestarekake Rasul Paulus katahan ana ing pakunjaran.


Sang Nata, Sang Walinagara tuwin Sang Putri Bernike lan kabeh kang padha lenggah banjur padha jumeneng.


Awitdene sayektosipun Sang Prabu Herodhes saha Sang Pontius Pilatus, kaliyan para bangsa tuwin suku-bangsa Israel sampun sami nglempak wonten ing kitha ngriki, sumedya ngayoni Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci, ingkang Paduka jebadi


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan