53 sarta tansah padha ana ing Padaleman Suci lan ngluhurake Gusti Allah.
apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”
Dene para sakabat mau iya banjur padha ngabarake Injil menyang ing ngendi-endi, sarta Gusti paring pambiyantu, sumebaring pangandika kinanthenan paseksen pratandha mawarna-warna.
Para sakabat banjur padha sujud nyembah marang Panjenengane, nuli padha bali menyang ing Yerusalem kalawan bungah banget,
Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah.
Sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus nunggila ing kowe kabeh! Amin.