Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 24:52 - Kitab Sutji

52 Para sakabat banjur padha sujud nyembah marang Panjenengane, nuli padha bali menyang ing Yerusalem kalawan bungah banget,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 24:52
11 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, Paduka mugi miyarsakaken saha melasi kawula, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng dados juru tetulung kawula!”


Bareng padha ndeleng Panjenengane banjur padha sujud, nanging ana sawatara kang isih mangu-mangu.


Dumadakan Gusti Yesus methukake lakune lan ngandika: “Bagea!” Banjur padha marek, nyungkemi sampeyane lan sujud.


lan nalika mberkahi mau, Panjenengane banjur nilar para sakabate tuwin mitrane menyang ing swarga.


sarta tansah padha ana ing Padaleman Suci lan ngluhurake Gusti Allah.


Kowe wus padha krungu, yen Aku wus kandha marang kowe: Aku lunga, nanging bakal nekani kowe maneh. Manawa kowe tresna marang Aku, kowe mesthi padha bungah dene Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama, sabab Sang Rama iku ngluwihi Aku.


Mangkono uga kowe samengko iya padha nandhang susah, nanging Aku bakal nemoni kowe maneh temahan bakal padha bungah atimu lan ora ana wong siji-sijia kang bisa ngilangake kabungahanmu iku.


Nanging kang Dakpituturake marang kowe iki bener: Luwih maedahi marang kowe, manawa Aku lunga. Jalaran manawa Aku ora lunga, Sang Juru Panglipur iku ora bakal ngrawuhi kowe, nanging manawa Aku lunga, Sang Juru Panglipur Dakutus marang kowe.


Tomas mangsuli, unjuke: “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!”


Para rasul banjur padha bali menyang ing Yerusalem saka ing gunung Zaitun, kang saka ing Yerusalem dohe mung salakon ing dina Sabat.


Panjenengane kang koktresnani sanadyan ora tau kokdeleng sarta kokpracaya sanadyan saiki ora koksipati: Kowe padha sukarena, marga saka anane kabungahan kang mulya lan kang ora kena kinira-kira,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan