Nalika lagi padha nglajengake tindake kalawan ngandika, dumadakan ana kareta murub, tinarik ing jaran murub kang misah kekalihe, Nabi Elia banjur minggah ing swarga ana ing satengahing lesus.
Sawise mangkono para sakabate banjur kadhawuhan ndherek Gusti Yesus menyang ing jaban kutha, menyang ing sacedhake desa Betania. Ana ing kono Panjenengane nuli ngangkat astane, para sakabat padha diberkahi,
Pangandikane Gusti Yesus: “Aja nggepok marang Aku, awit Aku durung sowan ing ngarsane RamaKu, nanging lungaa nemonana para sadulurKu, lan padha kandhanana, manawa Aku arep sowan menyang ing ngarsane RamaKu lan Ramamu ing ngarsane AllahKu lan Allahmu.”
Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;
Sarehne kita padha duwe Imam Agung kang pinunjul, kang wis sumengka nratas nglangkungi sakehing langit, yaiku Gusti Yesus, Putraning Allah, mulane kita padha ngantepana ing sahadat kita.