Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 24:50 - Kitab Sutji

50 Sawise mangkono para sakabate banjur kadhawuhan ndherek Gusti Yesus menyang ing jaban kutha, menyang ing sacedhake desa Betania. Ana ing kono Panjenengane nuli ngangkat astane, para sakabat padha diberkahi,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 24:50
15 Iomraidhean Croise  

nuli aku olahna pangan kang enak, kaya kang dadi kasenenganku, yen wus rampung ladekna mrene, dakpangane, sawise iku kowe bakal dakberkahi sadurunge aku tinggal donya.”


Ature Sang Yusuf marang kang rama: “Punika anak kula peparingipun Gusti Allah wonten ing ngriki.” Pangandikane Rama Yakub: “Cedhakna ing ngarepku kene, arep dakwenehi berkah.”


Iku kabeh talere Israel, cacahe rolas; lan iya iku mau kang dipangandikakake dening kang rama, nalika padha diberkahi; siji-sijine kaparingan berkah dhewe-dhewe.


Sawuse mangkono Rama Harun banjur ngayatake astane kaungkulake marang wong akeh lan mberkahi wong-wong iku. Sawuse nyaosake kurban pangruwating dosa, kurban obaran lan kurban slametan banjur tumedhak.


Gusti Yesus banjur nilar wong-wong mau, tindak miyos saka ing kutha menyang ing desa Betania lan nyare ana ing kono.


Bocah-bocah mau tumuli padha dirangkuli sarta padha dibarkahi kalawan katumpangan asta.


Barang lakune wis cedhak Yerusalem, cedhak ing desa Betfage lan Betania, ing gunung Zaitun, Gusti Yesus tumuli ngutus sakabat loro,


lan nalika mberkahi mau, Panjenengane banjur nilar para sakabate tuwin mitrane menyang ing swarga.


Para rasul banjur padha bali menyang ing Yerusalem saka ing gunung Zaitun, kang saka ing Yerusalem dohe mung salakon ing dina Sabat.


Sawuse ngandika mangkono, Panjenengane nuli sinengkakake, sineksen dening para rasul, banjur wis ora katingal, amarga kaaling-alingan mega.


Kang iku karepku wong lanang supaya padha ndedongaa ana ing saenggon-enggon kalawan ngulukake tangan kang suci, aja nganggo nepsu utawa padudon.


Senapati Yusak banjur paring berkah marang wong mau sarta padha dililani mulih, tumuli padha mulih menyang kemahe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan