5 Wong-wong mau padha wedi lan padha tumungkul. Nanging priya loro mau nuli padha ngandika mangkene: “Yagene, dene kowe padha nggoleki Kang Gesang ana ing antarane wong mati?
Nanging tumuli ana kang ndemok lambeku, kang sawangane kaya manungsa; aku banjur mbukak cangkemku lan wiwit celathu, matur marang kang jumeneng ana ing ngarepku iku: “Dhuh Bendara, margi saking wahyu punika kawula lajeng ngraos sakit saha boten kadunungan kakiyatan malih.
kalawan ngandika: “Heh wong kang kinasihan, aja wedi, tentrem rahayu anaa ing kowe, sing santosa, sing santosa!” Sajrone aku dipangandikani mangkono iku, aku rumangsa banjur dadi kuwat maneh lan matur: “Kawula aturi ngandika, dhuh Bendara kawula, awit kawula sampun kaparingan kakiyatan.”
Nalika lagi padha ngadeg kalawan kuwur atine marga saka kaanan kang mangkono iku, dumadakan ana priya loro padha jumeneng ing cedhake, pangagemane mancorong.
Nanging lajeng kawungokaken dening Gusti Allah, kauwalaken saking sangsaraning pejah, amargi boten badhe Panjenenganipun lestantun kawengku dening panguwaosing pejah punika.
lan Kang Gesang, Ingsun wus seda, nanging wruhanira, Ingsun gesang nganti salawas-lawase apa maneh Ingsun ngasta sakabehing kuncine pati lan kratone pati.