Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 24:47 - Kitab Sutji

47 Karodene maneh: pawarta bab pamratobat lan apuraning dosa kudu kaundhangake marang sakabehing bangsa atas asmane, wiwit saka ing Yerusalem.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 24:47
52 Iomraidhean Croise  

Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”


Wong andhap asor bakal padha mangan nganti wareg, wong kang ngupaya Sang Yehuwah bakal ngalembana Panjenengane; atimu cikben urip ing salawase!


Bumi wus menehake pametune, Gusti Allah, Allah kita mberkahi kita.


Dhuh Pangeran, sakathahipun bangsa, ingkang Paduka titahaken, sami badhe sowan sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka, saha badhe ngluhuraken asma Paduka.


Ing wektu iku trubusan ing oyoding Isai bakal jumeneng dadi gendera tumrap para bangsa; kang bakal kaupaya dening para suku bangsa sarta padalemane bakal dadi mulya.


Mangkene pangandikane Pangeran Allah: “Lah Ingsun bakal ngayatake astaningSun minangka pratandha tmrap para bangsa lan manjer gendera-genderaningSun kanggo para suku bangsa, iku bakal padha nggendhong anak-anakira lanang sarta anak-anakira wadon bakal padha dipanggul.


“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.”


Apa maneh ta kang kudu katindakake tumrap pakebonaningSun anggur iku, kang durung Sunlakoni? Ingsun ngajeng-ajeng supaya metokna woh anggur kang becik, yuagene dene mung metokake woh anggur kang kecut?


Pangeran Yehuwah wus ngatingalake astane kang suci ana ing ngarepe mripate sakehing bangsa; poncot-poncoting bumi kabeh banjur sumurup karahayon kang pinangkane saka ing Allah kita.


mangkono anggone Panjenengane damel gumuning bangsa akeh, para raja bakal padha sidhem mirsani Panjenengane; amarga apa kang durung kawartakake, bakal kasumurupan, tuwin apa kang durung kapireng, bakal dimangertosi.


Apadene ora prelu wong aweh piwulang maneh marang pepadhane, utawa sadulure mangkene: Kowe wanuha marang Sang Yehuwah! Amarga wong iku kabeh, gedhe cilik, bakal padha wanuh marang Ingsun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, awit kaluputane bakal Sunapura lan dosane wus ora Sunengeti maneh.”


Pitung puluh kaping pitung mangsa, iku wus katetepake tumrap bangsamu lan tumrap kuthamu kang suci, kanggo nyirnakake duraka, kanggo nguwisi dosa, kanggo ngilangi kasalahan, kanggo nekakake kaadilan kang langgeng, kanggo ngganepake wahyu lan nabi, sarta kanggo njebadi pasucen kang pinunjul.


He Efraim, mangsa Ingsun ngetogake marang sira, ngulungake sira, he Israel! Mangsa Ingsun ngetogake sira kaya Adma, ndadekake sira kaya Zeboim! PanggalihingSun dadi pulih, sih-piwelasingSun kagugah babar pisan.


lan akeh suku bangsa kang padha budhalan kalawan ngucap: “Payo padha munggah marang gununge Sang Yehuwah, marang padalemane Gusti Allahe Yakub, supaya padha kaparingana pitedah bab margi-margine, sarta supaya kita padha ngambah ing lurung-lurunge, marga saka Sion bakal ana pituduh, lan saka ing Yerusalem bakal ana pangandikane Pangeran Yehuwah.”


Awitdene saka ing keblat pletheke srengenge, tekan keblat surupe, asmaningSun luhur ana ing antarane para bangsa, sarta ing saenggon-enggon asmaningSun kasaosan dupa lan kurban dhaharan kang suci, awit luhur asmaningSun ana ing antarane para bangsa, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –


Mulane padha lungaa, sakabehing bangsa padha dadekna siswaKu, lan padha baptisen ing asmane Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci,


“Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”


Wis, padha sumingkira, padha pindengen isining pangandika, kang surasane: Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.”


Yerusalem, Yerusalem, kowe kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang padha diutus nemoni kowe. Wis makaping-kaping anggonKu arep nglumpukake anak-anakmu, padha kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ana ing sangisoring swiwine, nanging kowe ora ngolehake.


Inggih Panjenenganipun punika ingkang dipun sekseni para nabi sadaya, bilih sinten ingkang pitados dhateng Panjenenganipun, badhe tampi pangapuntening dosa margi saking asmanipun.”


Bareng krungu kang mangkono iku, banjur padha nrima sarta padha ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Dadine Gusti Allah uga paring patobat marang bangsa-bangsa liya, kang dadi marganing urip.”


Nanging Rasul Paulus lan Barnabas kanthi kendel mangandikani: “Pancen pangandikaning Allah iku kudu diwartakake marang kowe kabeh dhisik, nanging kowe padha nampik lan nganggep ora pantes tampa urip langgeng. Mulane aku banjur padha marani bangsa-bangsa liya.


Wangsulane Rasul Petrus: “Kula aturi sami mratobat sarta panjenengan piyambak-piyambak sami kabaptisa ing asmanipun Gusti Yesus Kristus, amrih angsala pangapuntening dosa panjenengan, satemah panjenengan sami badhe nampeni peparing Roh Suci.


aku tansah ngyakinake marang wong-wong Yahudi lan Yunani, supaya padha mratobata marang Gusti Allah sarta padha pracayaa marang Gusti kita Yesus Kristus.


supaya ngelekake mripate, satemah banjur padha ninggal pepeteng, marani pepadhang sarta uwal saka ing panguwasaning Iblis lan ngungsi marang Gusti Allah, supaya padha oleh pangapuraning dosa marga saka pracaya marang Ingsun, apadene banjur tampa warisan ana ing satengahe para kang wus kasucekake.


Nanging ing sakawit kawula martosaken dhateng tiyang-tiyang Yahudi ing Dhamsyik, ing Yerusalem saha ing tanah Yudea sadaya, tuwin ugi dhateng bangsa-bangsa sanes, bilih kedah sami mratobat lan ngabekti dhumateng Gusti Allah punapadene lajeng nglampahi pandamel-pandamel ingkang laras kaliyan pamratobat wau.


Pramila kauningana, bilih kawilujengan ingkang saking Gusti Allah punika lajeng kaparingaken dhateng bangsa-bangsa sanes ingkang sami badhe mirengaken.” [


Awit saking punika sami kula aturi enget saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten,


Kaliyan malih boten wonten karahayon wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita.”


Inggih Panjenenganipun punika ingkang sampun sinengkakaken ing ngaluhur dening Gusti Allah piyambak kalayan astanipun ingkang tengen, kajumenengaken dados Panuntun tuwin Juru-wilujeng, supados Israel saged mratobat saha tampi pangapuntening dosa.


Nanging angger-anggering Toret tumuli kawuwuhake, supaya panerak dadi saya akeh, dene ing ngendi kang dosane wuwuh akeh, ing kono sih-rahmat dadi saya luber,


supaya pinujia sih-rahmate kang luhur, kang kaparingake marang kita ana ing Panjenengane kang kinasih.


Aku, wong kang asor dhewe ing antarane para suci kabeh, wus kaparingan sih-rahmat iki, kanggo martakake marang wong-wong dudu Yahudi bab kasugihane Sang Kristus, kang ora kena kinira iku,


Iku padha diparingi sumurup sapira kaluwihaning kamulyane wewadi mau ana ing antarane para bangsa liya, yaiku: Gusti Kristus ana ing tengahmu, iya ana ing Sang Kristus iku dununge pangarep-arep marang kamulyan.


He, anak-anak, mulane aku nulis layang marang kowe, marga dosamu wus padha kaapura marga saka Kang Asma.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan