Ingsun masrahake gegeringSun marang wong-wong kang padha nggebugi Ingsun, lan pipiningSun marang wong kang padha mbubuti jenggotingSun Ingsun ora nutupi wedaningSun nalika Ingsun diwewirang lan diidoni.
Putraning Manungsa pancen bakal linggar, cocok karo kang katulis tumrap Panjenengane, nanging bilai wong kang dadi margane Putraning Manungsa kaulungake. Luwih becik upama wong iku ora lair.”
Banjur padha dipangandikani mangkene: “Yaiki pituturKu kang Dakkandhakake marang kowe kabeh, nalika Aku isih nunggal karo kowe, yaiku yen kabeh kang wis katulisan tumraping Aku ana ing sajroning kitab-Torete Nabi Musa lan kitabe para nabi sarta kitab Masmur, iku kudu kayektenan.”
kalawan diterangake sarta dituduhake, yen Sang Mesih iku kudu nandhang sangsara lan wungu maneh saka ing antarane wong mati, banjur ngandika: “Menggah Sang Mesih punika inggih punika Gusti Yesus, ingkang kula wartosaken dhateng panjenengan.”
Kaliyan malih boten wonten karahayon wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita.”
Pinujia Gusti Allah iya Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmane wis nglairake kita maneh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wungune Gusti Yesus Kristus saka ing antarane wong mati,