Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 24:41 - Kitab Sutji

41 Bareng kabeh durung padha ngandel marga saka bungahe lan isih padha kaeraman, Panjenengane nuli ngandika: “Ing kene apa ana sing kena dipangan?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 24:41
14 Iomraidhean Croise  

Saupama aku nyenyebut, mangka Panjenengane paring wangsulan, aku mesthi iya ora ngandel, yen Panjenengane karsa miyarsakake swaraku;


Nanging bareng padha krungu, yen Gusti Yesus gesang lan wis dideleng Maryam, padha ora ngandel.


Wong loro mau banjur bali padha aweh pawarta bab iku marang kanca-kanca liyane, nanging iya padha ora ngandel.


Sawuse mangkono Gusti Yesus ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur padha ditutuh bab cupeting pangandele lan dableging atine, dene kok padha ora ngandel marang critane wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenengane sawuse wungu.


Para sakabat iya nggawa iwak sawatara, sawise diberkahi, banjur dhawuh supaya didum-dumake uga.


Nanging tembung-tembunge iku dianggep ngayawara, padha ora ngandel marang wong-wong wadon iku.


Ngandika mangkono iku karo nedahake astane lan sampeyane.


Banjur dicaosi iwak gorengan sairis.


Mangkono uga kowe samengko iya padha nandhang susah, nanging Aku bakal nemoni kowe maneh temahan bakal padha bungah atimu lan ora ana wong siji-sijia kang bisa ngilangake kabungahanmu iku.


Gusti Yesus tumuli ngandika: “He, bocah-bocah, apa kowe padha duwe lawuh?” Wangsulane: “Boten.”


Dheweke ora pangling yen iku swarane Rasul Petrus, nanging marga saka bungahe, ora banjur ngengakake lawang, nanging enggal-enggal lumebu ngaturi pirsa, yen Rasul Petrus ana ing ngarep regol.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan