Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 24:38 - Kitab Sutji

38 Nanging Panjenengane banjur ngandika: “Yagene kowe padha kaget lan apa sababe dene kowe padha kethukulan rasa mangu-mangu ana ing sajroning atimu?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 24:38
7 Iomraidhean Croise  

He Yerusalem, atinira resikana pialane, supaya sira oleh kaslametan! Isih pira suwene pangrantamira kang ala anggone andhok ana ing atinira?


Sang Dhaniel kang asma Beltsazar banjur legeg-legeg nganti kepara suwe, kejot dening panggraitane. Sang Prabu ngandika: “Beltsazar, supena lan maknane aja nganti ngagetake sira!” Unjuke Sang Beltsazar: “Dhuh gusti kawula, supena punika mugi tumanduka dhumateng mengsahipun gusti kawula sarta maknanipun dhateng satrunipun gusti kawula!


nuli ingsun tampi supena kang ngejotake ingsun, sarta gegambaraning supenaningsun ana ing pasareaningsun tuwin wahyu kang ingsun pirsani ora nentremake ingsun.


Bareng Gusti Yesus mirsa apa sing padha dirembug iku, tumuli ngandika: “Yagene kowe padha rerembugan bab ora ana roti, heh, wong kang cupet ing pangandel?


Kabeh padha kaget kaworan wedi, lan ngira weruh memedi.


Delengen tanganKu lan sikilKu, iki Aku dhewe; grayangana Aku lan satitekna, yen memedi rak ora ana daginge lan balunge, kaya kang padha kokdeleng ana ing Aku iki.”


Sarta ora ana titah kang sinamar ana ing ngarsane, jalaran samubarang kabeh katon ngeblak lan bukakan ana ing ngarsane paningale kang mundhut panjawab marang kita.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan