37 Kabeh padha kaget kaworan wedi, lan ngira weruh memedi.
Ature wong mau: Boten, Rama Abraham, nanging manawi wonten patunggilanipun tiyang pejah ingkang ndhatengi, tamtu sami badhe mratobat.
Nanging Panjenengane banjur ngandika: “Yagene kowe padha kaget lan apa sababe dene kowe padha kethukulan rasa mangu-mangu ana ing sajroning atimu?
Wong wadon iku banjur dicalathoni: “Kowe iku ngomyang.” Ewasamono tetep anggone matur, yen iku nyata temenan. Banjur padha calathu: “Iku malaekate.”
Sang Prabu banjur ngandika marang wong wadon iku: “Sira aja wedi. Apa kang sira deleng?” Wong wadon iku mangsuli ature: “Kawula ningali wonten makhluk ilahi jumedhul saking bumi.”