31 Nalika iku mripate banjur kabuka, temah ora pangling karo Panjenengane, nanging Gusti Yesus banjur musna saka ing pandelenge.
Bareng wong-wong ing panggonan kono wis padha ora pangling marang Gusti Yesus, banjur padha aweh weruh marang ing wewengkon kono kabeh. Wong-wong banjur padha ngirid sakehing wong lara, kasowanake ing ngarsane,
Nanging wong mau mripate padha kalimputan, mulane padha pangling karo Panjenengane.
Nanging Panjenengane banjur tindak nratas ing tengahe wong-wong mau, nuli jengkar saka ing kono.
Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengane; nanging Panjenengane ngoncati, sarta nilar Padaleman Suci.