Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 24:30 - Kitab Sutji

30 Bareng lenggah arep dhahar bebarengan, nuli mundhut roti, diberkahi banjur dicuwil-cuwil, diparingake marang karone.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 24:30
14 Iomraidhean Croise  

Wong akeh mau banjur padha didhawuhi linggih ana ing pasuketan. Lan sawise nampani roti lima karo iwak loro mau, Gusti Yesus banjur tumenga marang ing langit ndedonga nyuwun berkah, tumuli rotine dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat, lan para sakabat kang ngedum marang wong akeh mau.


Sawise mangkono Panjenengane banjur mundhut roti pitu lan iwak-iwak mau lan sawise caos sokur, banjur padha dicuwil-cuwil lan diparingake marang para sakabat, sarta para sakabat padha ngedum marang wong akeh.


Nalika padha mangan, Gusti Yesus mundhut roti, lan sawise diberkahi, banjur dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabate, pangandikane: “Padha tampanana, panganen, iki badanKu.”


Nalika padha mangan, Gusti Yesus banjur mundhut roti, sawise dibarkahi tumuli dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabat, kalawan ngandika: “Padha tampanana, iki sariraKu.”


Sawise Gusti Yesus mendhet roti lima lan iwak loro iku, banjur tumenga ing langit lan mberkahi, rotine tumuli dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat supaya didum-dumake marang wong kabeh, mangkono uga iwake loro mau iya didum-dumake nganti warata.


Wong akeh mau banjur padha kadhawuhan linggih ana ing lemah. Sawuse mangkono Gusti Yesus banjur mundhut roti pitu mau, lan sawise saos sokur, nuli dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabat supaya didum-dum marang wong akeh mau lan iya banjur diwaratakake.


Tumuli mundhut roti, saos sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti mau kaparingake marang para sakabat kalawan ngandika: “Iki badanKu kang kaparingake marga saka kowe. Iki tindakna minangka pangeling-eling marang Aku.”


Nanging dicandhet dening wong-wong mau, unjuke: “Kula aturi kendel wonten ing griya kula, awit sampun ngajengaken dalu, surya sampun serap.” Panjenengane iya banjur lumebet karo wong-wong mau.


Wong loro mau iya tumuli nyaritakake lelakone ana ing dalan, sarta kapriye anggone mari pangling marang Gusti Yesus, sajrone nyuwil-nyuwil roti.


Gusti Yesus nuli mundhut roti lima lan iwak loh loro mau, banjur tumenga ing langit, tumuli paring berkah lan sawise mangkono rotine banjur dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat supaya diratakake marang wong akeh.


Gusti Yesus tumuli mundhut roti mau, lan sawuse saos sokur, banjur diedum-edum marang kang padha linggih ing kono, mangkono uga iwake, sakarepe olehe arep padha mangan.


Wong-wong mau padha ngantepi ing piwulange para rasul lan anggone tetunggalan sarta padha tansah nglumpuk, prelu nyuwil-nyuwil roti lan ndedonga.


Sadina-dina tansah padha nglumpuk ana ing Padaleman Suci kalawan tegen sarta saiyeg. Padha nyuwil-nyuwil roti ana ing omahe giliran, padha mangan bebarengan kalawan bungah lan ati kang tulus,


Sawise ngandika mangkono, panjenengane nuli mundhut roti, lan sawise saos sokur marang Gusti Allah ana ing ngarepe wong akeh, rotine banjur dicuwil-cuwil sarta wiwit dhahar.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan