29 Nanging dicandhet dening wong-wong mau, unjuke: “Kula aturi kendel wonten ing griya kula, awit sampun ngajengaken dalu, surya sampun serap.” Panjenengane iya banjur lumebet karo wong-wong mau.
Ing sawijining dina Nabi Elisa tindak menyang ing desa Sunem. Ing kono ana wong wadon sugih kang ngaturi rawuh dhahar marang panjenengane. Lan kaping pira bae anggone tindak langkung ing kono, panjenengane mesthi mampir dhahar.
Lurahe banjur calathu marang bature: Menyanga ing lurung-lurung lan ing dalan-dalan cilik, wong-wong sing ana ing kono padha peksanen mlebu mrene, amarga omahku kudu kebak.
Ana sawijining wong wadon panunggalane, jenenge Lidhia, kang melu ngrungokake. Iku dadi bakul kain wungu, pinangkane saka ing kutha Tiatira, wong kang bekti ing Allah. Atine wis binuka dening Gusti, mulane migatekake marang apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus.