ature: “Dhuh bendara, panjenengan kula aturi rawuh ing griyanipun ingkang abdi, sami karsaa nyare saha wijik sampeyan, benjing-enjing kula aturi nglajengaken tindak.” Pangandikane malaekat: “Ora, aku arep padha nginep ana ing alun-alun bae.”
Bareng Sang Yusuf mirsa para sadhereke, ora pangling, nanging Sang Yusuf ethok-ethok ora ngretos, malah disentak sarta dipangandikani: “Kowe kabeh iku saka ngendi?” Ature kang kadangu: “Saking tanah Kanaan, badhe nempur.”
Bareng mirsa para sakabate rekasa banget anggone ndhayungi praune, marga katampek ing angin, kira-kira jam telu bengi Panjenengane rawuh napak ing banyu sagara, arep nglancangi wong-wong mau.
Nanging dicandhet dening wong-wong mau, unjuke: “Kula aturi kendel wonten ing griya kula, awit sampun ngajengaken dalu, surya sampun serap.” Panjenengane iya banjur lumebet karo wong-wong mau.