Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 24:27 - Kitab Sutji

27 Tumuli padha diparingi katrangan bab sabarang kang wis katulisan ing Kitab Suci kabeh tumrap Panjenengane, wiwit kitab-kitabe Nabi Musa lan kitab-kitabe para nabi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 24:27
50 Iomraidhean Croise  

Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”


Karodene marga saka turunira iku sakehe para bangsa ing bumi bakal padha binerkahan; marga sira wus ngestokake dhawuhingSun.”


Karomaneh Ingsun bakal ngakehake turunira kaya lintang ing langit; lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh; sarta marga saka turunira sakehe bangsa ing bumi bakal binerkahan.


Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”


Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.


Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Prabu Dawud kalawan supaos, kang mesthi ora bakal diselaki: “Sawijining turunira bakal Sunlungguhake ing dhamparira;


Para panggedhemu iku padha wong mbalela, lan padha sekuthon karo maling. Kabeh padha seneng tampa besel lan mburu sogok. Ora padha mbelani hake para bocah lola lan prakarane para randha ora lumadi marang wong-wong mau.


Ingsun masrahake gegeringSun marang wong-wong kang padha nggebugi Ingsun, lan pipiningSun marang wong kang padha mbubuti jenggotingSun Ingsun ora nutupi wedaningSun nalika Ingsun diwewirang lan diidoni.


Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang badhe paring pratandha dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang Kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar putra kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel.


Lan aku arep nganti-anti marang Sang Yehuwah kang ngaling-alingi wedanane marang gelengan turune Rama Yakub; aku arep ngarep-arep marang Panjenegane.


Bangsa kang lumaku ing pepeteng wus sumurup pepadhang gedhe; wong kang padha manggon ing nagara kang peteng ndhedhet wus padha kaplethekan pepadhang.


Ingsun bakal ngangkat sawijining pangon kanggo wedhus-wedhus iku, kang bakal ngengon, yaiku abdiningSun Dawud; iku kang bakal ngengon lan dadi pangone.


Bakal padha manggon ing tanah kang Sunparingake marang abdiningSun Yakub, kang dienggoni dening para leluhure, iya wong-wong mau, iya anak-anake dalah para putune lan buyute, kabeh bakal padha manggon ing kono ing salawas-lawase, lan abdiningSun Dawud bakal dadi ratune ing salawas-lawase.


Ing sajroning wahyu ing bengi iku aku terus bae anggonku ndeleng; banjur ana kang rawuh nitih mega saka ing langit, kaya Putraning Manungsa, kang nuli sowan marang ing ngarsane Kang sepuh ing Yuswa mau lan iya banjur kairid sowan ing Panjenengane,


Anadene kekarene Yakub bakal dumunung ing antarane bangsa akeh, kaya ebun saka Sang Yehuwah, kaya tetesing udan ing thethukulan, kang ora njagakake marang wong, lan ora ngarep-arep marang anaking manungsa.


Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasetyan Paduka dhateng Rama Yakub, saha sih-palimirma Paduka dhateng Rama Abraham kados ingkang sampun Paduka prasetyakaken klayan supaos dhateng para leluhur kawula wiwit ing jaman kina!


“He pedhang! Sira nempuha abdiningSun juru pangon, wong kang raket banget kalawan Ingsun!” Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. “Juru pangon iku patenana, temahan wedhuse banjur padha buyar, sarta Ingsun bakal ngagem astaningSun Sunagem nglawan marang kang ringkih,


He putri Sion, surak-suraka kang sora; he putri Yerusalem, giyak-giyaka! Lah ratunira ngrawuhi sira; Panjenengane iku adil sarta unggul, lembah panggalihe, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan.


Balik sira kang padha wedi marang asmaningSun, bakal padha kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawa kawarasan ana ing swiwine. Sira bakal padha metu klawan lincak-lincak kaya pedhet kang metu saka ing kandhang.


Mulane ing buku critane perange Pangeran Yehuwah dipratelakake: “Waheb ing Sufa lan lebak-lebake kali Arnon,


lan ora padha dipangandikani apa-apa kang tanpa pasemon, nanging yen marang para sakabate apa bae diterangake piyambakan.


Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Heh wong kang padha tanpa budi lan kang randhat ing pamikir, temah ora pracaya marang samubarang kabeh, kang wis kapangandikakake dening para nabi!


Banjur padha dipangandikani mangkene: “Yaiki pituturKu kang Dakkandhakake marang kowe kabeh, nalika Aku isih nunggal karo kowe, yaiku yen kabeh kang wis katulisan tumraping Aku ana ing sajroning kitab-Torete Nabi Musa lan kitabe para nabi sarta kitab Masmur, iku kudu kayektenan.”


Filipus ketemu Natanael, banjur dituturi mangkene: “Aku wus padha ketemu karo kang kasebutake dening Nabi Musa sajroning Toret sarta dening para nabi, iya iku Gusti Yesus putrane Bapak Yusuf, saka ing Nasaret.”


Bab iki dipangandikakake dening Nabi Yesaya marga wus ningali kamulyane sarta wus mangandikakake bab Panjenengane.


Karodene Sang Rama kang ngutus Aku iku wus nekseni piyambak ing ngatase Aku. Kowe ora tau krungu swarane utawa nyumurupi citrane,


Kowe padha niti priksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka Panjenengane kowe nduweni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab Suci iku nekseni ing bab Aku,


Inggih Panjenenganipun punika ingkang dipun sekseni para nabi sadaya, bilih sinten ingkang pitados dhateng Panjenenganipun, badhe tampi pangapuntening dosa margi saking asmanipun.”


Nanging kanthi patrap makaten Gusti Allah sampun kelampahan nuhoni punapa ingkang kala rumiyin kapangandikakaken lumantar para nabinipun, inggih punika bilih Sang Mesih ingkang kautus punika kedah nandhang sangsara.


Rak sampun dipun pangandikakaken dening Nabi Musa: Gusti Allah bakal nangekake nabi saka ing antarane para sadulurmu, padha kayadene aku. Yaiku kang kudu kokrungokake apa kang bakal dipangandikakake marang kowe.


Punapa dene sadaya nabi ingkang nate nglairaken pangandika, wiwit Nabi Samuel saha sasampunipun panjenenganipun, sampun sami meca bab jaman punika.


Inggih Nabi Musa punika ingkang ngandika dhateng tiyang-tiyang Israel: Gusti Allah bakal ngadegake nabi kaya aku iki kanggo ing kowe saka ing antarane para sadulurmu.


Sang Filipus tumuli wiwit cariyos, wiwit saka nas iku, banjur martosake Injile Gusti Yesus.


Sabalimu kowe banjur padha nangis ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nanging Sang Yehuwah ora mirengake panangismu sarta ora midhangetake swaramu kaya mangkono.


Ana nabi kang saka ing tengahmu, saka ing antarane para sadulurmu kaya aku iki, bakal diadegake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe, yaiku kang kudu kokestokake.


Aku banjur nyungkemi sampeyane kang ngandika mau arep sujud, nanging tumuli dipangandikani: “Aja mangkono! Aku iki padha kaya kowe lan para sadulurmu, kang nduweni paseksene Gusti Yesus. Sujuda marang Gusti Allah! Awit mungguh paseksene Gusti Yesus iku rohing pamedhar wangsit.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan