LUKAS 24:26 - Kitab Sutji26 Sang Kristus apa ora pinasthi nandhang iku mau kabeh, banjur lumebet ing kamulyane?” Faic an caibideil |
Sawuse sawidak loro kaping pitung mangsa iku, kang wus jinebadan mau bakal kasingkirake, mangka ora ana kaluputane apa-apa. Kutha lan pasucen bakal kasirnakake dening balaning sawijine ratu kang bakal teka, nanging ratu mau bakal tiwas kabanjiran; sarta maneh ngnati tekan ing wekasaning jaman bakal ana peperangan lan karusakan, cundhuk karo apa kang wus katetepake.
Payo padha kita lakoni kanthi mandeng marang Gusti Yesus, kang nuntun kita ing sajroning pracaya sarta kang ngasta pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngetang kanisthan manggul salib kalayan mantep, sulihing kabungahan kang kacawisake kagem Panjenengane kang samengko lenggah ana ing tengening dhampare Gusti Allah.