25 Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Heh wong kang padha tanpa budi lan kang randhat ing pamikir, temah ora pracaya marang samubarang kabeh, kang wis kapangandikakake dening para nabi!
Putraning Manungsa pancen bakal linggar, cocok karo kang katulis tumrap Panjenengane, nanging bilai wong kang dadi margane Putraning Manungsa kaulungake. Luwih becik upama wong iku ora lair.”
Sawuse mangkono Gusti Yesus ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur padha ditutuh bab cupeting pangandele lan dableging atine, dene kok padha ora ngandel marang critane wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenengane sawuse wungu.
Nuli padha dipangandikani: “Apa kowe iya ora ngreti? Apa kowe ora ngreti, yen samubarang kang saka ing jaba lumebu ing manungsa iku ora bisa marakake najis,
Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel, nganti pira lawase anggonKu kudu tetunggalan karo kowe? Nganti pira lawase anggonKu kudu nyabari kowe? Bocahe prenekna!”
Nunten wonten kanca kula sawatawis ingkang sami dhateng pasarean, dene pinanggihipun pancen leres ingkang dipun cariyosaken para tiyang estri wau, nanging boten sami sumerep Panjenenganipun.”
Kowe padha niti priksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka Panjenengane kowe nduweni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab Suci iku nekseni ing bab Aku,
Sabab kang wigati dhewe wus dakluntakake marang kowe, iya kaya kang wus daktampani dhewe, yaiku yen Sang Kristus wus nglampahi seda marga saka dosa-dosa kita, nyondhongi surasaning Kitab Suci,