23 layonipun boten pinanggih. Lajeng sami wangsul, cariyos, bilih sami sumerep malaekat, ingkang sami ngandika, bilih Panjenenganipun gesang.
Panjenengane ora ana ing kene, awit wis wungu, kaya kang wis dipangandikakake. Padha mrenea, delengen panggonan kang mentas kagem sumare.
Nanging bareng padha krungu, yen Gusti Yesus gesang lan wis dideleng Maryam, padha ora ngandel.
Namung kemawon lajeng wonten tiyang estri sawatawis panunggilan kula ingkang sami damel kaget kula: Enjing umun-umun sampun sami dhateng ing pasarean,
Nunten wonten kanca kula sawatawis ingkang sami dhateng pasarean, dene pinanggihipun pancen leres ingkang dipun cariyosaken para tiyang estri wau, nanging boten sami sumerep Panjenenganipun.”
Bareng padha lumebu, layone Gusti Yesus ora ketemu.
Maryam Magdalena tumuli lunga wewarta marang para sakabat: “Aku wus ndeleng Gusti!” sarta yen kang mangandikani bab-bab iku mau uga Panjenengane.