Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 24:20 - Kitab Sutji

20 Nanging para pangajengipun imam saha para pangageng kula sami ngulungaken Panjenenganipun dhateng ing paukuman pejah, lajeng dipun salib.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 24:20
14 Iomraidhean Croise  

Heh, ula, heh para tetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmu bisa oncat saka paukumaning naraka?”


Nanging marga saka pangojok-ojoke para pangareping imam lan para pinituwa, wong akeh padha nekad nyuwun supaya Barabas diluwari lan Gusti Yesus disedani.


Bareng wayah bangun esuk para pangarepe imam, karo para pinituwa lan para ahli Toret sarta kabeh warganing Pradata Agama wis padha gilig rembuge. Gusti Yesus banjur kabesta lan didhabyang diladekake marang ngarsane Sang Pilatus.


Bareng esuke para pinituwaning bangsa Yahudi, para pangareping imam lan para ahli Toret padha nganakake parepatan, Gusti Yesus banjur diladekake marang ngarsane pradataning agamane.


Sang Pilatus banjur nimbali para pangareping imam lan para panggedhe sarta wong akeh, padha kadhawuhan nglumpuk,


Panjenenganipun ingkang kaulungaken dening Gusti Allah miturut karsa saha rancanganipun punika sampun panjenengan salib sarta panjenengan sedani lumantar tanganipun bangsa-bangsa ingkang duraka.


Malah wong-wong Yahudi mau wus nyedani Gusti Yesus lan para nabi apadene wus nganiaya marang aku kabeh. Apa kang dadi keparenging Allah ora padha dipreduli sarta kabeh wong padha dimungsuh,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan