15 Nalika lagi padha rembugan lan bebantahan, Gusti Yesus piyambak rawuh nyelaki lan banjur nyarengi ing lakune.
Para sakabat padha mikir-mikir lan banjur padha rasanan: “Anggone ngandika mangkono iku rak marga aku padha ora sangu roti.”
Sabab ing ngendi ana wong loro utawa telu padha nglumpuk kalawan nganggep marang jenengKu, ing kono Aku ana ing tengahe.”
Wong loro mau padha rasanan bab kabeh kang mentas kalakon.
Nanging wong mau mripate padha kalimputan, mulane padha pangling karo Panjenengane.
Nalika padha rembugan bab iku mau, Gusti dumadakan jumeneng ana ing tengahe sarta ngandika: “Tentrem rahayu anaa ing kowe kabeh.”