13 Ing dina iku uga ana wong loro, panunggalane para sakabat, padha menyang ing desa kang aran Emaus, dohe saka ing Yerusalem watara pitung mil.
Wong loro mau padha rasanan bab kabeh kang mentas kalakon.
Kang siji kang jenenge Kleopas, mangsuli: “Punapa namung Panjenengan piyambak tiyang manca ing Yerusalem, ingkang boten uninga bab ingkang mentas kelampahan wonten ing ngriku ing salebetipun sawatawis dinten punika?”