Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 24:11 - Kitab Sutji

11 Nanging tembung-tembunge iku dianggep ngayawara, padha ora ngandel marang wong-wong wadon iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 24:11
10 Iomraidhean Croise  

Lut banjur lunga ngandhani calon mantune, kang arep padha sesomahan karo anake, tembunge: “Dienggal padha metua saka ing panggonan kene, awit Sang Yehuwah selak nggempur kutha iki.” Nanging calon mantune loro-lorone padha ngarani yen Lut mau mung sembranan bae.


Nanging panggedhening prajurit, kang dadi ajudane Sang Nata, mangsuli marang abdining Allah, ature: “Sanadyan Sang Yehuwah damel cendhela-cendhela wonten ing langit, punapa saged ingkang makaten punika?” Paring wangsulane abdining Allah: “Lah kowe bakal nyumurupi iku kalawan mripatmu dhewe, nanging ora bakal melu mangan.”


Saupama aku nyenyebut, mangka Panjenengane paring wangsulan, aku mesthi iya ora ngandel, yen Panjenengane karsa miyarsakake swaraku;


Kidung jiyarah. Ing kalane Pangeran Yehuwah mulihake kaanane Sion, kaanan kita kaya wong ngimpi.


Nanging bareng padha krungu, yen Gusti Yesus gesang lan wis dideleng Maryam, padha ora ngandel.


Wong loro mau banjur bali padha aweh pawarta bab iku marang kanca-kanca liyane, nanging iya padha ora ngandel.


Sawuse mangkono Gusti Yesus ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur padha ditutuh bab cupeting pangandele lan dableging atine, dene kok padha ora ngandel marang critane wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenengane sawuse wungu.


Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Heh wong kang padha tanpa budi lan kang randhat ing pamikir, temah ora pracaya marang samubarang kabeh, kang wis kapangandikakake dening para nabi!


Bareng kabeh durung padha ngandel marga saka bungahe lan isih padha kaeraman, Panjenengane nuli ngandika: “Ing kene apa ana sing kena dipangan?”


Panjenengane iya banjur tindak medal ndherekake malaekat sarta ora mirsa, yen apa kang ditindakake dening malaekat iku kalakon temenan, panyanane mirsa wahyu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan