Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 23:7 - Kitab Sutji

7 Bareng mirsa yen Gusti Yesus iku kalebet bawahe Sang Prabu Herodhes, nuli kaladosake marang ngarsane Sang Prabu Herodhes, kang ing wektu iku pinuju ana ing kutha Yerusalem.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 23:7
9 Iomraidhean Croise  

Nalika samana Sang Prabu Herodhes, raja-wilayah, mireng pawarta bab Gusti Yesus,


Amarga Sang Prabu Herodhes pancen biyen wis dhawuh nyepeng Nabi Yokanan, banjur dibesta lan dilebokake ing pakunjaran, gegayutan karo lelakone Sang Putri Herodhias, garwane Sang Pangeran Filipus, sadhereke.


Ewadene bareng pinuju tingalan wiyosane Sang Nata Herodhes, putri putrane Sang Putri Herodhias, beksa ana ing satengahing pahargyan, nengsemake panggalihe Sang Nata Herodhes,


Sang Prabu Herodhes iya midhanget bab Gusti Yesus, sabab Asmane wis kondhang lan wong-wong padha kandha: “Nabi Yokanan Pambaptis wis wungu saka ing antarane wong mati, mulane kadunungan kasekten mangkono.”


Ing nalika iku ana wong Farisi sawatara kang padha sowan lan matur marang Gusti Yesus: “Panjenengan kula aturi sumingkir saking ngriki, awit Sang Prabu Herodhes badhe ngangkah nyedani Panjenengan.”


Bareng midhanget atur mangkono iku Sang Pilatus banjur ndangu, apa Wong iku wong Galilea.


Nalika Sang Nata Agung Tiberius anggone ngasta paprentahan wis nyandhak limalas taune, kalane Sang Pontius Pilatus jumeneng walinagara ing tanah Yudea, lan Sang Prabu Herodhes jumeneng ratu-wilayah tanah Galilea, Sang Prabu Filipus sadhereke jumeneng ratu-wilayah Iturea lan Trakhonitis, sarta Sang Prabu Lisanias jumeneng ratu wilayah Abilene,


Kocapa Sang Prabu Herodhes, nata-wilayah, mireng sakabehing lelakon mau, banjur rumaos kemengan, awit ana wong kang kandha, yen Nabi Yokanan wungu saka ing antarane wong mati.


Awitdene sayektosipun Sang Prabu Herodhes saha Sang Pontius Pilatus, kaliyan para bangsa tuwin suku-bangsa Israel sampun sami nglempak wonten ing kitha ngriki, sumedya ngayoni Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci, ingkang Paduka jebadi


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan