Pasareane kapapanake ing satengahe para wong duraka, lan anggone seda ana ing satengahe para durjana, sanadyan Panjenengane ora nindakake kekerasan tuwin tutuke ora kadunungan cidra.
Yusuf nuli tuku mori alus, layone Gusti Yesus banjur diudhunake, sarta diulesi mori mau. Sawise mangkono layon nuli disarekake ing kubur tatahan ing parang. Lawangane kubur banjur ditutupi watu kang diglundhungake mrono.
Saha sasampunipun sami nglampahi sadaya ingkang sinerat tumrap ing Panjenenganipun, Panjenenganipun lajeng kaandhapaken saking kajeng salib tuwin kasarekaken.