Sayektos, sareng kawula mratobat, kawula getun, sareng kawula ngretos menggah badan kawula piyambak, kawula ceblek-ceblek cethik kawula, minangka pratandhaning prihatos, kawula rumaos isin lan wirang, amargi kawula nandhang kanisthan ing wekdal nem-neman kawula.
Kosokbaline juru-mupu-beya iku mung ngadeg ana ing kadohan, malah tumenga marang ing langit bae ora wani, nanging mung tebah-tebah dhadha sarta munjuk mangkene: Dhuh Allah, kawula tiyang dosa mugi Paduka welasi.
Bareng wong-wong padha krungu pangandika mangkono mau, atine trenyuh, banjur padha matur pitakon marang Rasul Petrus lan para rasul liyane: “Para sadherek, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?”