Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 23:35 - Kitab Sutji

35 Wong akeh padha ngadeg nonton. Para panggedhe padha nyenyampahi Panjenengane, pangucape: “Wong-wong liya padha dipitulungi, cikben saiki mitulungi Awake dhewe, manawa pancen Sang Kristus, Pilihane Gusti Allah!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 23:35
24 Iomraidhean Croise  

Amargi kawula karubung ing segawon, grombolaning durjana ngepang kawula, sami nyuduki tangan saha suku kawula.


Nanging sareng kawula kesandhung saha dhawah, lajeng sami bingah saha nglempak, sami nggrombol nglawan kawula; tiyang ingkang boten tepang kaliyan kawula, sami nenacad kawula tanpa kendel-kendel;


Manawi kawula sesambat, mugi karsaa paring wangsulan, dhuh Allah ingkang ngleresaken kawula. Ing salebeting karupekan Paduka ingkang paring omber dhateng kawula, mugi karsaa paring sih-piwelas dhumateng kawula saha karsaa miyarsakaken pandonga kawula!


Pemahanipun dadosa suwung, kemah-kemahipun sampun ngantos wonten ingkang ngenggeni.


pangucapipun: “Wong kae wus ditegakake dening Gusti Allah, padha oyaken, nganti kecekel, awit ora ana kang mitulungi!”


Delengen iku abdiningSun kang Sunasta, pilihaningSun kang ndadekake renaningSun. Kang wus Sunparingi RohingSun, supaya banjur ngundhangake kabeneran marang para bangsa.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebuse Israel, Gusti Allahe Kang Mahasuci, marang kang diremehake dening wong, marang kang dianggep njijiki dening para bangsa, marang abdining para kang nyekel pangwasa: “Para ratu bakal nyumurupi pandamelingSun, lan banjur padha ngadeg ngunjukake kurmat, tuwin para panggedhe bakal padha sujud nyembah, marga saka Pangeran Yehuwah kang setya marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang wus milih sira.”


Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kulina nandhang gerah; banget anggone karemehake, nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan.


Aku dadi pepoyokane bangsaku kabeh, digawe lagu pangece nganti sadina muput.


“Ingsun bakal ngesokake rohing sih-rahmat lan rohing panyuwunan marang brayate Dawud lan para wong isine Yerusalem, satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe lan bakal nangisi kang disuduk mau, patrape kaya nangisi anak ontang-anting lan nangis kelara-lara, patrape kaya nangisi anak pambarep.


“Lah iku AbdiningSun, pilihaningSun, kekasihingSun, kang ndadekake keparenging galihingSun, bakal Sunparingi RohingSun, sarta bakal ngundhangake pangadilan marang sakabehing bangsa.


Banjur ana swara saka ing swarga, kang ngandika: “Iki PutraningSun, kekasihingSun, kang ndadekake renaning panggalihingSun.”


Iku mau kabeh iya kaprungu dening wong-wong Farisi, kang padha karem bandha, banjur padha ngencepi Panjenengane.


Sang Pilatus banjur nimbali para pangareping imam lan para panggedhe sarta wong akeh, padha kadhawuhan nglumpuk,


Durjana kang padha digantung mau ana siji kang ngala-ala marang Gusti Yesus, pangucape: “Apa Kowe dudu Sang Kristus? Mara, tulungana Awakmu dhewe lan aku kabeh.”


Padha sowana ing Panjenengane kang minangka watu kang urip iku, kang pancen ditampik dening manungsa, nanging kang pinilih lan aji ana ing ngarsaning Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan