Ing kono wong bakal lumebu ing guwa-guwa ing gunung parang lan ing rong-rong ing sajroning lemah, marga saka pagirising Yehuwah tuwin marga saka cahyaning kamulyane, ing nalika Panjenengane tumindak damel getering bumi.
Ing dina iku brahala-brahala salaka lan brahala-brahala emas gegaweaning manungsa kang disujudi lan disembah bakal kabuwang kanggo marang tikus lan lawa,
Tengger-tengger pangurbanan Awen, yaiku dosane Israel, bakal padha kasirnakake. Misbyah-misbyahe bakal padha kathukulan eri lan rerungkudan. Sarta wonge bakal padha nylathoni gunung-gunung: “Aku padha sasabana!”, lan marang tengger-tengger: “Aku padha ebrukana!”
Iku mau kabeh padha calathu marang gunung-gunung lan marang watu parang: “Aku padha jugrugana lan dhelikna supaya aja kauningan ing Panjenengane, kang lenggah ing dhampar lan kena ing bebendune Sang Cempe iku.”