28 Gusti Yesus nuli minger mirsani wong-wong mau lan ngandika: “He anak-anake wadon Yerusalem, aja padha nangisi Aku, awakmu dhewe bae lan anak-anakmu padha tangisana!
He, para putri ing Yerusalem, kowe padha sunsupatani, demi kidang-kidang utawa menjangan wadon ing ara-ara; kowe aja nggugah lan ngobahake katresnan, sadurunge dikarepake!
He, para putri ing Yerusalem, kowe padha daksupatani; demi kidang-kidang lan menjangan-menjangan ing ara-ara: Kowe aja padha nggugah lan ngobahake katresnan sadurunge dikarepake.
He, para putri ing Yerusalem, kowe padha daksupatani: manawa kowe kapethuk kekasihku, apa kang arep kokaturake marang Panjenengane? Aturna, yen aku nandhang brangta!
Amarga sumurupa, bakal tumeka ing wektune wong padha duwe pangucap mangkene: Rahayu wong wadon kang gabug, lan weteng kang ora tau nglairake anak, sarta susu kang ora tau nusoni.
Kawruhana, Panjenengane rawuh nitih mega lan saben mripat bakal ndeleng Panjenengane, dalah wong kang wus padha nyubles Panjenengane. Sarta sakehing bangsa ing salumahing bumi bakal sambat-sambat marga saka Panjenengane. Iya, Amin.