Sira aja melu-melu wong akeh nglakoni piala, lan anggonira nglairake paseksi tumrap sawijining prakara aja ngiloni wong akeh murih dhoyonging pangadilan.
Sarehne Sang Pilatus karsa damel mareming atine wong akeh, mulane Barabas banjur diluwari, dene Gusti Yesus banjur disapu lan sawise mangkono nuli dipasrahake supaya disalib.
nanging kalawan bengok-bengok wong-wong padha nyuwun kanthi adreng, supaya Panjenengane kasalib, lan wekasane wong-wong mau menang kalawan bengok-bengok iku.
Sarta nuli ngluwari wong kang kalebokake ing pakunjaran marga kasangkut ing pambrontakan lan mateni wong, ngetrepi panyuwune wong-wong mau, dene Gusti Yesus nuli kapasrahake marang wong-wong mau ing sakarep-karepe.