Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 23:23 - Kitab Sutji

23 nanging kalawan bengok-bengok wong-wong padha nyuwun kanthi adreng, supaya Panjenengane kasalib, lan wekasane wong-wong mau menang kalawan bengok-bengok iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 23:23
7 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah muga karsaa utusan saka ing swarga ngluwari aku, lan mirang-mirangake wong kang ngidak-idak aku. (Selah) Gusti Allah muga karsaa ngintunake sih-kadarman lan kabenerane.


Sajroning sesasi aku numpes pangone telu. Atiku banjur mangkel banget marang wedhus-wedhuse, sarta wedhus-wedhuse iya padha bosen marang aku.


Nanging Petrus saya nemen anggone munjuk: “Sanadyan kawula ngantos pejah sesarengan kaliyan Paduka, kawula boten badhe nyelaki Paduka.” Liya-liyane iya padha munjuk mangkono.


Pangandikane Sang Pilatus kang kaping telune: “Nglakoni piala apa ta Wong iki sabenere? Aku ora bisa nemokake kaluputane kang kena ing paukuman pati. Dadi mung bakal dakajar banjur dakluwari.”


Sang Pilatus banjur ndhawuhake karampungan, panyuwune wong-wong mau dikabulake.


Nanging wong-wong mau saya banget panggugate, ature: “Tiyang punika damel balelanipun rakyat kalayan piwulangipun wonten ing tanah Yudea sadaya, kawiwitan wonten ing tanah Galilea, lan sapunika sampun dumugi ing ngriki.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan