LUKAS 23:2 - Kitab Sutji2 Nuli wiwit padha nggugat, ature: “Kula sadaya sampun sami nyumerepi, bilih Tiyang punika nasaraken bangsa kula, sami dipun penging ngaturaken paos dhateng Sang Nata Agung, saha ngaken, bilih Piyambakipun punika Sang Ratu.” Faic an caibideil |
Kawula sampun mireng reraosanipun tiyang kathah: “Pagiris teka saka ing ngendi-endi! Gugaten dheweke! Aku padha arep nggugat dheweke!” Kanca-kanca kenthel kawula piyambak sami ngintip punapa kawula kesandhung lajeng dhawah: “Bokmanawa dheweke kena diglembuk, temah bisa kita kalahake, lan kita bisa nandukake pamales marang dheweke!”
Para panggedhe mau nuli padha munjuk marang Sang Prabu: “Saenipun tiyang punika dipun pejahi! Ujer sarana ngucap makaten punika piyambakipun nglemesaken semangatipun para prajurit, ingkang taksih manggen wonten ing kitha ngriki, punapadene semangatipun rakyat sadaya. Sayektos, tiyang punika boten ngudi dhateng karaharjaning bangsa, nanging cilakanipun.”