Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 23:11 - Kitab Sutji

11 Sang Prabu Herodhes dalah para prajurite banjur padha nglelingsem lan moyoki Panjenengane, tumuli diagemi jubah kang endah banget sarta banjur diwangsulake marang ngarsane Sang Pilatus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 23:11
16 Iomraidhean Croise  

Paduka ingkang dipun sebut, lajeng Paduka entasaken; sami pitados dhumateng Paduka, lan sami boten kawirangan.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebuse Israel, Gusti Allahe Kang Mahasuci, marang kang diremehake dening wong, marang kang dianggep njijiki dening para bangsa, marang abdining para kang nyekel pangwasa: “Para ratu bakal nyumurupi pandamelingSun, lan banjur padha ngadeg ngunjukake kurmat, tuwin para panggedhe bakal padha sujud nyembah, marga saka Pangeran Yehuwah kang setya marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang wus milih sira.”


Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kulina nandhang gerah; banget anggone karemehake, nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan.


Nalika samana Sang Prabu Herodhes, raja-wilayah, mireng pawarta bab Gusti Yesus,


Amarga Sang Prabu Herodhes pancen biyen wis dhawuh nyepeng Nabi Yokanan, banjur dibesta lan dilebokake ing pakunjaran, gegayutan karo lelakone Sang Putri Herodhias, garwane Sang Pangeran Filipus, sadhereke.


Ewadene bareng pinuju tingalan wiyosane Sang Nata Herodhes, putri putrane Sang Putri Herodhias, beksa ana ing satengahing pahargyan, nengsemake panggalihe Sang Nata Herodhes,


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Nabi Elia pancen bakal rawuh dhisik prelu mbangun samubarang kabeh. Mung bae, kapriye dene kok ana tulisan kang mratelakake, yen Putraning Manungsa bakal nandhang sangsara akeh sarta disawiyah-wiyah?


Nalika samana para pangareping imam lan para ahli Toret padha maju lan ngaturake panggugat-panggugat kang abot.


Gusti Yesus tumuli miyos, ngagem makutha eri lan jubah wungu. Pangandikane sang Pilatus marang wong-wong: “Sawangen manungsa iku!”


Jalaran saupama ana wong kang lumebu ing kumpulanmu nganggo ali-ali mas, manganggo sarwa mompyor sarta uga ana wong miskin kang lumebu manganggo sarwa ala,


nuli kowe padha ngajeni marang kang manganggo mompyor mau lan koktuturi mangkene, “Panjenengan kula aturi lenggah ing panggenan ingkang sae punika!”, mangka kang miskin kokpituturi mangkene: “Sampeyan ngadeg ngriku!” utawa: “Sampeyan linggih ing ngandhap ngriki celak ancik-ancik kula!”,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan