Bareng Gusti Yesus wis jengkar saka ing papan kono, para ahli Toret lan para wong Farisi padha ngincim-incim marang Panjenengane lan ngebyuki Panjenengane kalawan prakara warna-warna,
Sang Prabu Herodhes dalah para prajurite banjur padha nglelingsem lan moyoki Panjenengane, tumuli diagemi jubah kang endah banget sarta banjur diwangsulake marang ngarsane Sang Pilatus.
Nuli wiwit padha nggugat, ature: “Kula sadaya sampun sami nyumerepi, bilih Tiyang punika nasaraken bangsa kula, sami dipun penging ngaturaken paos dhateng Sang Nata Agung, saha ngaken, bilih Piyambakipun punika Sang Ratu.”
Nanging wong-wong mau saya banget panggugate, ature: “Tiyang punika damel balelanipun rakyat kalayan piwulangipun wonten ing tanah Yudea sadaya, kawiwitan wonten ing tanah Galilea, lan sapunika sampun dumugi ing ngriki.”
Menggah ing kula sadaya sampun tetela, bilih tiyang punika dados penyakit pes, tiyang ingkang nuwuhaken karuwedan wonten ing satengahing tiyang Yahudi sajagad, saha bilih piyambakipun punika satunggaling pangajengipun golongan tiyang Nasarani.