7 Bareng dina riyaya Roti Tanpa Ragi, yaitu dina anggone wong-wong padha nyembeleh cempening Paskah,
Ing sasi kapisan tanggale ping patbelas wayah sore, sira mangana roti tanpa ragi, nganti tumeka tanggal selikur wayah sore.
Cempe mau pisahen dhewe nganti tanggal ping patbelas sasi iki, nuli kasembeleha dening sagolonganing pasamuwane Israel ing wayah sore.
Nalika samana wis ngarepake riyaya Roti Tanpa Ragi, kang aran Paskah.
Yudas nyaguhi sarta wiwit nalika iku tansah golek dalan bisane ngulungake Gusti Yesus, ora nganti kasumurupan ing wong akeh.
Buwangen ragi kang lawas iku, supaya kowe padha dadi jladren kang anyar, sabab kowe rak pancen tanpa ragi. Awit Cempe-Paskah kita uga wis disembeleh, yaiku Sang Kristus.