Banjur ana wong sawatara kang wiwit ngidoni Panjenengane, nutupi pasuryane lan ngantemi karo kandha: “Heh, Nabi, coba mecaa!” Dalasan para abdi iya padha napuki.
Tumuli dicekel dening wong Filisti, tingale karo pisan dicuplaki, banjur didhabyang menyang ing Gaza, kabesta nganggo rante tembaga sarta kabubuhan pagawean nggiling ana ing pakunjaran.
Nalika lagi padha seneng-seneng mangkono iku, banjur padha celathu: “Si Simson undangen, cikben gawe seneng kita!” Sang Simson banjur diwedalake saka ing pakunjaran, lan digawe geguyon ana ing ngarepe wong-wong mau, nuli diaturi jumeneng ana ing antarane saka-saka.