58 Ora let suwe ana wong liyane kang weruh dheweke lan banjur calathu: “Samang niku enggih tunggale.” Nanging wangsulane Petrus: “Dede, kula dede.”
Nanging Petrus selak, pangucape: “Boten, kula boten wanuh kalih wong niku!”
Simon Petrus isih ngadeg api-api. Tembunge wong-wong kang ana ing kono marang Petrus: “Dika rak enggih panunggalane sakabate, ta?”
Petrus selak, pangucape: “Sanes.” Sawijine abdine Imam Agung, kalebu sanake kang kaperung kupinge dening Petrus, tumuli calathu: “Napa kula boten weruh dika wonten ing patamanan sareng kalih Wong niku?”