57 Nanging Petrus selak, pangucape: “Boten, kula boten wanuh kalih wong niku!”
Nanging sing sapa nyelaki Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal Dakselaki ana ing ngarsane RamaKu kang ana ing swarga.”
Nanging Petrus selak ana ing ngarepe wong kabeh, wangsulane: “Kula boten ngreti kajeng sampeyan niku.”
Nanging sing sapa nyelaki Aku ana ing ngareping wong, iya bakal diselaki ana ing ngarepane para malaekating Allah.
Nuli ana parekan weruh Petrus linggih ing ngarepe bedhiyang, banjur ditamatake, tumuli alok: “Wong iku iya tetunggalan karo Dheweke.”
Ora let suwe ana wong liyane kang weruh dheweke lan banjur calathu: “Samang niku enggih tunggale.” Nanging wangsulane Petrus: “Dede, kula dede.”
Simon Petrus isih ngadeg api-api. Tembunge wong-wong kang ana ing kono marang Petrus: “Dika rak enggih panunggalane sakabate, ta?”
Petrus banjur selak maneh lan nalika iku ana jago kluruk.
Awit saking punika sami kula aturi enget saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten,
Manawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengane iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehing dosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita.