56 Nuli ana parekan weruh Petrus linggih ing ngarepe bedhiyang, banjur ditamatake, tumuli alok: “Wong iku iya tetunggalan karo Dheweke.”
Nalika samana Petrus linggih ana ing jaba, ana ing plataran. Banjur ana sawijining abdi wadon kang nyedhaki lan alok: “Sampeyan nggih tumut kalih Yesus, tiyang Galilea niku!”
Bareng sore Gusti Yesus rawuh ing kono kadherekake sakabate rolas.
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Nengna bae wong iku. Yagene kowe padha gawe ribeding atine? Wong iku nindakake panggawe becik marang Aku.
Gusti Yesus numpangake astane maneh ing mripate wong mau, temahan bisa ndeleng temenan lan wis waras, wis bisa ndeleng apa-apa kanthi cetha.
Wong-wong padha gawe bedhiyang ana ing satengahing plataran lan banjur padha linggih ngubengi bedhiyang iku. Petrus iya melu linggih ing kono.
Nanging Petrus selak, pangucape: “Boten, kula boten wanuh kalih wong niku!”
Abdi wadon kang tunggu regol mau tumuli calathu marang Petrus: “Dika niku rak enggih panunggalane sakabate wong niku, ta?” Wangsulane Petrus: “Sanes.”