55 Wong-wong padha gawe bedhiyang ana ing satengahing plataran lan banjur padha linggih ngubengi bedhiyang iku. Petrus iya melu linggih ing kono.
Rahayu wong kang lakune ora manut pangangen-angene wong duraka, lan ora ngambah dalane wong dosa sarta ora awor lungguh ing pajagongane wong memoyok,
Kawula sampun ngantos Paduka sered sesarengan kaliyan tiyang duraka, utawi ingkang nglampahi awon, ingkang tangkepipun sae dhateng sesaminipun, nanging manahipun kebak piawon.
Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana, nanging sapa kang kekancan karo wong gemblung iku nemu sangsara.
ninggala kabodhoan, supaya padha urip, lan nuruta dalane pangreten.”
Ing nalika samana para pangareping imam lan para pinituwaning bangsa Yahudi padha nglumpuk ana ing daleming Imam Agung kang asma Kayafas
Panjenengane giris banget lan saya ngepeng anggone ndedonga. Riwene nganti kaya tetesing getih kang padha tumiba ing lemah.
Nuli ana parekan weruh Petrus linggih ing ngarepe bedhiyang, banjur ditamatake, tumuli alok: “Wong iku iya tetunggalan karo Dheweke.”
Kowe aja padha kasasar: Sesrawungan kang ala iku ngrusak padatan kang becik.