54 Gusti Yesus banjur dicepeng lan digawa lunga saka ing panggonan kono, diirid menyang ing daleming Imam Agung. Anadene Petrus ngetutake saka ing kadohan.
Mangkono uga nalika para utusane ratu-ratu ing Babil padha sowan ing ngarsane prelu munjuk pitakon bab pratandha kang elok kang wus kelakon ana ing nagara; ing nalika iku Gusti Allah nilar panjenengane kanggo nyobi, supaya tetelaa apa kang ana ing sajroning panggalihe.