Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 22:53 - Kitab Sutji

53 Mangka saben dina Aku ana ing tengahmu, ana ing Padaleman Suci, kowe ora padha nyekel Aku. Nanging iki wektumu, lan iya iki panguwasane pepeteng iku.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 22:53
20 Iomraidhean Croise  

manawa gambirane wong duraka iku ora awet, sarta kasenengane wong kang nyingkur marang Gusti Allah iku mung sadhela?


Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci. Nalika Panjenengane lagi paring piwulang ana ing kono, ana pangareping imam lan pinituwaning bangsa Yahudi kang padha sowan ing ngarsane lan matur pitakon: “Panjenengan tumindak makaten punika kanthi panguwaos ingkang pundi? Saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?”


Gusti Yesus tumuli ngandika marang para pangareping imam lan para lelurahing jaga-baya Padaleman Suci sarta para pinituwa kang padha teka sumedya nyekel Panjenengane: “Apa Aku iki kokanggep begal, dene anggonmu padha teka sikep gegaman pedhang lan penthung?


Gusti Yesus banjur dicepeng lan digawa lunga saka ing panggonan kono, diirid menyang ing daleming Imam Agung. Anadene Petrus ngetutake saka ing kadohan.


Saiki nyawaKu trenyuh. Lan Aku bakal matur apa? Dhuh, Rama, Paduka mugi ngluwari Kawula saking wekdal punika? Ora, awit iya iku prelune anggonKu teka ing wektu iki.


Yudas nampani roti iku banjur enggal-enggal lunga. Nalika iku wayahe wis wengi.


Aku ora rembugan akeh maneh karo kowe, awit panggedhene jagad iki teka lan iku ora duwe wewenang sathithik-thithika ing ngatase Aku.


Ing kono wong-wong mau padha ngarah nyekel Gusti Yesus, ewadene ora ana kang nganti nggepok sarirane, amarga durung tekan ing wektune.


Wong jaga mau tumuli padha bali menyang ing ngarsane para pangarepe imam lan para wong Farisi, sarta dipangandikani: “Kena apa kok ora kokgawa?”


supaya ngelekake mripate, satemah banjur padha ninggal pepeteng, marani pepadhang sarta uwal saka ing panguwasaning Iblis lan ngungsi marang Gusti Allah, supaya padha oleh pangapuraning dosa marga saka pracaya marang Ingsun, apadene banjur tampa warisan ana ing satengahe para kang wus kasucekake.


awit kang kita tandhingi iku dudu daging lan getih, nanging para pamarentah, para panguwasa, para panggedhening jagad kang peteng iki, para rohing kadursilan kang ana ing langit.


Panjenengane wus ngluwari kita saka panguwasaning pepeteng, kaelih menyang kratone Sang Putra kang kinasih.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan