50 Sawijining panunggalane tumuli medhang abdine Imam Agung, kupinge tengen kaperung.
Salah sawijining wong kang ana ing kono ngunus pedhange lan banjur disabetake marang abdining Imam Agung, temah perung kupinge.
Kang padha ndherek Gusti Yesus, bareng ngreti apa kang bakal kalakon banjur padha munjuk: “Gusti, punapa kepareng kawula pedhang?”
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Wis ta, samono bae! Kupinge banjur kaasta kawarasake.
Para sadulurku kang kinasih, aja nganti kowe dhewe padha nandukake piwales, nanging iku pasrahna marang bebendune Gusti Allah, sabab ana tulisan mangkene: “Pamales iku wewenangingSun. Ingsun kang bakal malesake,” mangkono pangandikaning Pangeran.
awit gegamaning perangku iku dudu gegaman kadonyan, nanging gegaman kang kadunungan panguwaosing Allah, kang bisa njugrugake baluwarti.