45 Banjur jumeneng saka anggone ndedonga lan tindak murugi para sakabate, ketemu padha turu, marga saka susahe.
Banjur murugi sakabat telu mau, padha ketemu turu. Panjenengane ngandika marang Petrus: “Apa kowe ora kuwat ngrewangi melek Aku sajam bae?
Nalika murugi para sakabate maneh, iya padha ketemu turu, sabab mripate mbliyut.
Sawise mangkono Panjenengane banjur wangsul, katelune padha katemu turu. Nuli ngandika marang Petrus: “Simon, kowe kok turu? Apa kowe ora kuwat melek sajam bae?
Panjenengane giris banget lan saya ngepeng anggone ndedonga. Riwene nganti kaya tetesing getih kang padha tumiba ing lemah.
Nuli padha dipangandikani: “Yagene kowe padha turu? Tangia lan ndedongaa, supaya aja padha klebu ing panggodha.”