Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 22:44 - Kitab Sutji

44 Panjenengane giris banget lan saya ngepeng anggone ndedonga. Riwene nganti kaya tetesing getih kang padha tumiba ing lemah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 22:44
16 Iomraidhean Croise  

Nanging Pangeran Yehuwah karsa ngremuk tuwin damel gerahe Panjenengane. Samangsa Panjenengane wus masrahake sarirane minangka kurban panebusing dosa, bakal mirsani tedhak turune, yuswane bakal panjang, sarta karsaning Yehuwah bakal tumindak sarana astane.


Heh kowe kang padha liwat, apa kowe ora padha mreduli? Sawangen lan tamatna, apa ana kasusahan kaya kang ditandukake dening Pangeran Yehuwah marang aku, supaya aku nandhang sedhih banget, nalika bebendune mulad-mulad?


Banjur jumeneng saka anggone ndedonga lan tindak murugi para sakabate, ketemu padha turu, marga saka susahe.


Saiki nyawaKu trenyuh. Lan Aku bakal matur apa? Dhuh, Rama, Paduka mugi ngluwari Kawula saking wekdal punika? Ora, awit iya iku prelune anggonKu teka ing wektu iki.


Kang ora ngeman Kang Putra piyambak, nanging malah nganti dipasrahake kanggo kita kabeh, apa iya kalakon ora maringake samubarang kabeh marang kita bareng lan Panjenengane?


Nalika sugenge ana ing daging, Panjenengane wus ngaturake pandonga sarta panyuwun kanthi muwun lan sesambat marang Panjenengane, kang kuwaos milujengake saka pati, sarta marga saka kamursidane Panjenengane wus dipidhangetake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan