42 “Dhuh Rama, manawi Paduka marengaken, mugi tuwung punika kapundhuta saking Kawula. Nanging sampun pikajeng Kawula, namung karsa Paduka ingkang kalampahana.”
Tangia, tangia, ngadega, he Yerusalem, he kowe kang wus ngombe saka ing astane Sang Yehuwah isining tuwung mulad-mulading bebendhune, kowe kang wus ngombe nganti entek isining cangkir kang mendemi!
Mangkene pangandikane Gustimu, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngembani prakarane umate: “Lah Ingsun mundhut saka ing tanganira tuwung dalah isine kang mendemi, lan isining cangkir panasing bebenduningSun ora bakal sira ombe maneh,
Pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang aku mangkene: “Tampanana tuwung kang isi anggur bentering bebenduningSun iki saka astaningSun, nuli ombekna marang sakehe para bangsa kang dadi tujuane anggoningSun ngutus sira,
Ing wektu iku Gusti Yesus munjuk: “Dhuh, Rama, Pangeraning swarga lan bumi, kawula ngaturaken genging panuwun, dene bab punika sadaya Paduka damel wados tumrap tiyang wicaksana saha tiyang wasis, nanging Paduka lairaken dhateng lare-lare.
Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Kowe iku padha ora ngreti kang koksuwun. Apa kowe bisa ngombe ing tuwung pangomben, kang kudu Dakunjuk?” Karo-karone munjuk: “Inggih saged.”
Panjenengane banjur tindak ora adoh saka ing kono, nuli sujud lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi pancen saged, mugi tuwung punika sumingkir saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga sakarsa Paduka.”
Banjur tindak maneh kang kaping pindhone lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi tuwung punika boten saged sumingkir, kajawi kedah Kawula ombe, inggih sumangga ing sakarsa Paduka.”
Ature: “Dhuh Abba, Rama, kagem Paduka boten wonten barang ingkang mokal, mila mugi karsaa nyingkiraken tuwung punika saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga ing sakarsa Paduka.”
Gusti Yesus tumuli munjuk: “Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami boten mangretos punapa ingkang dipun tindakaken.” Pangagemane banjur kaedum-edum sarana kaundhi.
Aku ora bisa nindakake apa-apa saka awakKu dhewe, anggonKu ngadili iku laras karo apa kang Dakrungu, sarta putusanKu adil. Amarga ora nuruti karepKu dhewe, nanging manut karsane kang ngutus Aku.