Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 22:40 - Kitab Sutji

40 Sarawuhe ing kono, para sakabate padha dipangandikani: “Padha nyenyuwuna, supaya aja nganti klebu ing panggodha.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 22:40
16 Iomraidhean Croise  

Rama Yabes iku nyebat marang Gusti Allahe Israel, unjuke: “Paduka mugi karsaa paring berkah dhumateng kawula ingkang ngantos luber saha mugi karsaa njembaraken dhaerah kawula, punapa dene mugi asta Paduka nganti kawula saha karsaa nebihaken kawula saking kasangsaran, satemah kawula lajeng boten katempuh ing sesakit!” Anadene Gusti Allah karsa ngabulake panyuwune iku.


Jangkah kawula mugi Paduka jejegaken manut janji Paduka, saha sakathahing piawon sampun ngantos misesani kawula.


lampah kawula tetep ndherek ing tindak Paduka saha suku kawula boten sleyoran.


Sinten ingkang saged ngyektosi panasaran? Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking ingkang boten kawula ngretosi.


Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. [Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.]


Saha mugi karsaa ngapunten dosa kawula, awitdene kawula inggih sami ngapunten dhateng saben tiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa malih mugi kawula sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha.”


Nuli padha dipangandikani: “Yagene kowe padha turu? Tangia lan ndedongaa, supaya aja padha klebu ing panggodha.”


Kawusanane samubarang kabeh wis cedhak. Marga saka iku dibisa ngemudheni dhirimu sarta disareh, supaya kowe padha bisa ndedonga.


Sarehne sira wus netepi marang pangandikaningSun, supaya kalawan sabar mantep nganti-anti marang Ingsun, mulane Ingsun iya bakal ngreksa sira ing dina pacoban kang bakal nekani ing sajagad kabeh kanggo ndadar wong kang padha manggon ing bumi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan