Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 22:37 - Kitab Sutji

37 Amarga Aku pitutur marang kowe, nas ing Kitab Suci iki iya kudu kayektenan tumraping Aku: Panjenengane bakal kaetang kagolongake para durjana. Amarga apa kang katulis tumrap ing Aku iku lagi kalakon.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 22:37
17 Iomraidhean Croise  

Awit saka iku bakal Sunparingi panduman wong-wong kang luhur minangka bandhangan, tuwin bakal tampa wong-wong kang santosa minangka jarahan, yaiku pikolehe anggone wus masrahake nyawane marang pati lan marga saka anggone kagolongake wong mbalela, sanadyan Panjenengane nanggel dosane wong akeh lan ndongakake para wong kang mbalela.


Ana begal loro kang disalib bebarengan karo Gusti Yesus, kang siji ana ing tengen, sijine ana ing kiwane Panjenengane. [


Iya iku kayektenane tulisan kang mangkene: “Panjenengane kaetang awor kalawan wong durjana.”]


Gusti Yesus banjur nimbali sakabate rolas sarta dipangandikani mangkene: “Saiki Aku kabeh padha menyang Yerusalem lan kabeh kang katulisan dening para nabi tumrap Putraning Manungsa, iku bakal kayektenan.


Sabab Putraning Manungsa pancen bakal jengkar miturut ing pepesthen, nanging bilai wong kang dadi margane anggone kaulungake.”


Ature para sakabat: “Boten babar pisan.” Pangandikane Gusti Yesus: “Nanging saiki iki, sing sapa duwe rajut, kagawaa, mangkono uga kang duwe kanthong; lan kang ora duwe pedhang, ngedola jubahe kanggo tuku.


Gusti Yesus tumuli ngandika marang para pangareping imam lan para lelurahing jaga-baya Padaleman Suci sarta para pinituwa kang padha teka sumedya nyekel Panjenengane: “Apa Aku iki kokanggep begal, dene anggonmu padha teka sikep gegaman pedhang lan penthung?


Ana durjana loro kang uga padha kairid kang bakal diukum pati bebarengan karo Panjenengane.


Tumuli padha diparingi katrangan bab sabarang kang wis katulisan ing Kitab Suci kabeh tumrap Panjenengane, wiwit kitab-kitabe Nabi Musa lan kitab-kitabe para nabi.


Manawa wong kang padha kadhawuhan pangandikaning Allah iku diarani allah – mangka Kitab Suci iku ora kena dibatalake –


Kawula sampun ngluhuraken Paduka wonten ing bumi kanthi patrap anggen Kawula sampun ngrampungaken padamelan ingkang Paduka bebahaken dhateng Kawula supados katindakaken.


Panjenengane kang ora tepang karo dosa wus kadosakake marga saka kita, supaya ana ing Panjenengane kita kabenerake dening Gusti Allah.


Sang Kristus wus nebus kita saka laknate angger-anggering Toret srana dadi laknat piyambak marga saka kita, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat saben wong kang digantung ing kayu salib iku!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan